DUDU
WADI
Dudu wadi,
Yen sakepel kakuwasan
luwih aji tinimbang sadunak kaadilan
Dudu wadi,
Yen panguwasa bisa
ngrubah babad lan bisa ngapus kanyatan
Dudu wadi,
Yen donya iki sandiwara
lan mung guyonan babarpisan
Dudu wadi,
Yen aku iki mung
manungsa lumrah nggone luput nggone salah
Nanging,
Satemene dudu wadi,
Yen aku nresnani
sliramu kanthi setengah mati
Satemene dudu wadi,
Yen aku nresnani
sliramu tekan pati
No comments:
Post a Comment