GURIT
PIWELING
wis, wiwit dina iki patenana tipi kuwi
Saben wengi mung bisane nggelar sinetron
Ceritane kabeh apus-krama kebak lamis
Kamangka kudune kowe ngerti
Manawa paragane ora kena kanggo tuladha
Wis, wiwit dina iki patenana tipi kuwi
Apa paedahe ngetutake gosip – gosip artis
Kang tansah ngumbar alem njering lamis
Kabeh kuwi mung ngedohake
Awakmu marang kanyatan – kanyatan urip
Kang mbok adhepi
Wis, wiwit dina iki patenana tipi kuwi
Ayo bali padha nyimak kabudhayan ngaluhur
Kang nyata kebak sumber pitutur
(Eko Nuryono)
No comments:
Post a Comment