AKU NGLUKIS ING SAYUTA LANGIT
Delengen aku nglukis ing sayuta langit
Kebak warna abang sing cinipta saka getih jaman
luput ngandhut
Banjur nindakake aborsi kanthi nguntal pil lintang
Guguran getihe dakwadhahi genthong angen – angen
kagelan
Dene kuwase dakcipta nganggo rambut gunung njeblug
Lan warna – warna endah liyane cinipta saka pecahan
raga
Nasib para glandhangan sing kasingkir merga impen
Para pamuja patung adipura
O, kadang – kadangku sing ora nate bosen nyawang
lukisan
Delengen lukisan ing sayuta langit kae
Kebak anglirik mata nangis, tangan nyandhong, lan
sandhangan
Pating sranthil !
Warna – warna banget naturalis awit dumadi saka
nyawa – nyawa
Sing pecat tanpa dosa
(Budi Palopo)
No comments:
Post a Comment