Monday, July 7, 2014

AKU PENGIN

Aku pengin suluk nanging dudu dhalange
Aku pengin tembang nanging dudu sindhene
Aku pengin gendhing nanging dudu niyagane
Aku pengin blencong nanging dudu genine
Aku pengin dhuwur nanging dudu panggunge
Dhalang, aku pengin pangrengkuhe marang wayang
Sindhen, aku pengin pangrengkuhe marang gendhing
Niyaga, aku pengin pangrengkuhe marang gerong
Wayang, aku pengin pangrengkuhe marang wayang
Blencong, aku pengin pangrengkuhe marang wengi
Panggung, aku pengin pangrengkuhe marang jaman !

(Turiyo Ragilputra)

No comments:

Post a Comment