Thursday, July 10, 2014

Udan Wayah Sore

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

Sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
Lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
Tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
Tak kanthi lakumu tumeka ngendi

Mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
Marakake gawe kekesing ati
Manuk kepodang wus mabur mangulon
Nanging tetep tak tunggu tekamu
Kekudangku

O, ngger sang ponang jabang bayi
Bebarengan tangismu kang kejer sumusup ing wengi
Sira wus lahir kanthi slamet
Nyawang gumelaring jagat raya

Yen sira nangis tak emban lan tak tembangake dandang gula lingsir wengi
Kapurih sira bisa turu kanthi tentrem
Yen sira mesem tak kudang tak liling

O, ngger sang ponang jabang bayi
Tak gadang dadiya wong kang luhur bebudenmu ing tembe
Pedang Bakal Tumeka

angrantu sinambi jumangkah ing dalan kang peteng kebak sandungan
Mecaki lurung lurung kang dawa satengahing ara-ara samun
Bumi kang kapidak kebak sinengker
anggawa ganda bacin
Manuk manuk dhandhang kekitrang wayah sor
Peteng kang gemuleng ing angganing manungsa

Wus sinerat ana ing kitab duk ing uni
Pepadang bakal tumeka anggawa kabar bebungah
Kanggo kita sami jalma manungsa
Kang bakal amadhangi lurung-lurung, dalan-dalan lan ara-ara samun
amadhangi sakendhenging jagat raya
Mara gage kita sami tumenga ing angkasa
Mangayubagya rawuhipun sang pepadhang
Kanthi mesu raga nutup babahan nawa sanga
Mmangestu nampi pepadhang
Wayah Esuk Pedut angendanu

Rong puluh tahun kepungkur aku lan sliramu nate mlaku ana dalan kene
Saklawase ora nate ketemu
Saliramu lan saliraku wus beda ora kaya biyen nalika isih tak kanthi
Gandaning wengi mau isih sumrebak ngebaki pedut wayah esuk

Wus aja mbok tangisi lakon kang wus kapungkur
Wus pirang wayah ketiga tak lakoni nganti rambut warna ireng lan putih
ing dalan iki rong puluh tahun kepungkur
ana cerita rinajut endah

Dik, kala kala sliramu isih dadi impenku
Pirsanana ana nduwur kae
ana teja manther ing sela-selaning gegodongan
Lan lintang panjer wengi sing isih kari sakmenir gedhene

Saiki aku lan sliramu linambaran rasa kangen
Simpenen kangenmu ana impen

RON GARING

Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin

prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring

aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku

ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara

aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan

krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep

kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu

panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati

UDAN WAYAH SORE

udan riwis-riwis nggawa angin gumanti
ora kaya nalika kang kawuri sing kebak pangarep-arep
dikaya ngapa lemah wus kebanjur teles

sesuk esuk yen sang surya wiwit sumunar
lan manuk kepodang colat-colot ana wit gedang
tak tunggu tekamu ing sak ngisore payung
tak kanthi lakumu tumeka ngendi

mbokmenawa sesuk sore wus ora udan riwis-riwis
marakake gawe kekesing ati
manuk kepodang wus mabur mangulon
nanging tetep tak tunggu tekamu 


LINTANG-LINTANG

lintang-lintang abyor ing tawang
cumlorot sliweran nalika alihan
kumleyang mencok ing socamu asihku
cahyane gumebyar sunare gilar-gilar
ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

lintang-lintang alihan
cumlorot telu ana pundhakku
kawitan lintang abang lintang perang
kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan
pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan
Babad Wedhi Pasisir

Sorene sore jingga
wengine wengi biru
kembang pandhan mesem marang mbulan
tangane ngawe-awe sajak kemayu
apa hiya iki dayane layang atimu
sing jare bakal ditulis kalane ijen
lan sendhang mung amping-ampingann jendhela
sing wengi iki isih panggah binuka?

biyen aku nate apal gojegmu
kepiye nalika bingung ndhedher sagegem guritan
ing lemah suwung pinggire taman
ora ketang mbalang liring sambi mungkur
nyamudana wingkis sakehing kekarepan
nutup kudhuping kekembangan

iki babad wedhi pasir
pinaes ganda aruming mawar
rarasing riris dhadha kumesat
AKU NGLUKIS ING SAYUTA LANGIT

Delengen aku nglukis ing sayuta langit
Kebak warna abang sing cinipta saka getih jaman luput ngandhut
Banjur nindakake aborsi kanthi nguntal pil lintang
Guguran getihe dakwadhahi genthong angen – angen kagelan
Dene kuwase dakcipta nganggo rambut gunung njeblug
Lan warna – warna endah liyane cinipta saka pecahan raga
Nasib para glandhangan sing kasingkir merga impen
Para pamuja patung adipura
O, kadang – kadangku sing ora nate bosen nyawang lukisan
Delengen lukisan ing sayuta langit kae
Kebak anglirik mata nangis, tangan nyandhong, lan sandhangan
Pating sranthil !
Warna – warna banget naturalis awit dumadi saka nyawa – nyawa
Sing pecat tanpa dosa
(Budi Palopo)




MICARA MARANG JAMAN

Aku isih ngambu gandane banyu wudlu
Nalika sliramu nyendhal kendhaline kuda
Ngibarake gendera ngubengi jagad raya
Ukara – ukara mbrubul kayadene maewu – ewu panah
Linepas saka gandhewa kontroversi
Gawe wuru para sujana lan ahli sejarah
Buku endi mangkone sing kudu di tulisi
Jaman, menyang ngendi abure manuk – manuk
Nalika rasa rumangsa wis musna saka telenge bumi
Lan gegremetan rame – rame mbarang amuk
Bayi – bayi padha rebutan dolanan geni
(Budi Palopo)



GUSTI, DALEM NYUWUN
           
Dhuuh Gusti paringana sabar
Dhuuh Gusti paringana tabah
Kareben bisa tahan nunggu slirane
Kareben bisa tahan ngenteni slirane

Yekti dalem tresna marang slirane
Yekti dalem asih marang slirane
Gusti, dalem nyuwun
Kareben dalem bisa nyandhing slirane



SUARANING ATI

Suaraning ati kang madhangi tetembungan
Tembung asih marang sliramu
Jroning remeng remeng damaring tyas tak coba njangkah
Nyandhak, nyedhaki wewayangmu

Bisaa kabeh bakal tak temuke
Sigaraning nyawa kang sasuwene iki tak luru

Sliramu sing paling endah, sing paling becik sing tak asihi

Ora ana liyane jroning atiku, mung sliramu sing tak luru
KUCIWA

Satemene ra ana rasa tresna asih
Aku ora ngerti
Kaya-kaya sliramu menehi pangarep kang nyata
Nganyut-anyut sarta menehi kaendahan

Ora sadhar rasa iku thukul
Lan aku ra saguh nyingkir, luput saka rasa iku
Sliramu menehi rasa kang nyata
Sing ra tau tak rasake sadurunge

Nanging tibake sliramu wis duwe kekasih
Gawe aku kuciwa
Aku kuciwa nyawang sliramu
Temenan sliramu gawe aku kuciwa


DUDU WADI

Dudu wadi,
Yen sakepel kakuwasan luwih aji tinimbang sadunak kaadilan
Dudu wadi,
Yen panguwasa bisa ngrubah babad lan bisa ngapus kanyatan
Dudu wadi,
Yen donya iki sandiwara lan mung guyonan babarpisan
Dudu wadi,
Yen aku iki mung manungsa lumrah nggone luput nggone salah

Nanging,
Satemene dudu wadi,
Yen aku nresnani sliramu kanthi setengah mati
Satemene dudu wadi,
Yen aku nresnani sliramu tekan pati


Sedyaku

Wis, Jeng…
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane amung semene
cunthele lelakonku…

Pepenginku tansah sumandhing
lan nresnani sliramu
kudu dakprunggel
sing luwih wigati, Jeng
donga lan pengestumu wae
tansah mili kanggo aku

Wis, Jeng
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kabegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi ing liyan
sempurna ing guritan siji…





CRITA SAKA MANCA

ing papan sarwa salju, aku
ngangen-angen lawang gubug binuka
ana bedhiyang lan lincak

nanging wis kebacut dadi salju
guritan apadene kekarepan
nglinthing bareng tumiyupe angin
nunjem-nunjem dom periih
sadawane wengi

kangmangka ing ngisor salju pinendhem candhi
sing durung kober kababar unine prasasti



Bubrah

Jarene awakmu iki wakil rakyat
Wakil rakyat kang bisa mayungi rakyate
Nanging apa nyatane ?
Kabeh mau amung sebutan
Mumpet ana ing balike klambi jas ireng
Lakumu ngalor ngidul ora karuan
Laku menceng kang beda kaya sing dikarepake rakyat
Oalah wakil rakyat bujal
Utekmu mingkur kanggo mikirke awakmu dhewe
Mbombong nepsu nggedekne weteng


(anggitanipun : Sugeng)
Ing Teluk Pang-Pang

Nawala ing dak tampa
Patang dina kepungkur
Isih wutuh tansah dak waca
Hanggawa rasa kingkin, Ing mangsa rendheng katelu
Ngepasi kartika ngancik patbelas dina
Silramu tak anti-anti ana ing pinggiran Gisik pang-pang kene
Rasaku wis memet
Nggremet-nggremet
Teka ing pikir kang amet
Tansah nunggu
Sliramu bali, masiya hamung sak kedhepe netra Dhiajeng
Mbok menawa sliramu pancen nduweni rasa kang padha
Karo rasa ing pangrasaku,
Mula, jeng .....Tak titipake kangen iki Marang gegulunge ombak
Sing tansah setya tuhu marang mangsa
Sing sok geseh, gusuh sing wola-wali iki
Hamung siji panyuwunku
Muga sliramu tansah rahayu memuji gusti
Lan pinayung sih kanugrahaning pangeran
Sesuk tak tunggu sliramu inggisik pang-pangiki
Ing grumbulan pring
Guritku netes
Dadi prenjak kang silih semaur
Mawerna rupa Lucifer manjing ing regol
Cacing lan tilas sejarah

Guritku .....
Nalika april nyedhak sumur
Nimba ayang-ayang lan ilmu
Gunung mungkur, genah lungkah panyawangmu
Aja ninggal pitakonmu ing lawang
Awit Jibril wis budhal
Awit gunemmu mung nglairake siyung-siyung vampir




ELINGA NALIKA SEMANA

E, ngawur ae !
Wong isih meger – meger dikira klenger
Priye ta le ora
Samono akehe didhekemi dhewe
Ora eling karo kanca – kancane
Mesthine ya koma – koma
Ora waton doyan
Mesthi bae panganan enak empuk
Yen dipangan mesthi kolu nglenyer
Nanging ya aja banjur ngglendem angler
Coba ta yen ana parigawe
Apa ya arep ditandangi dhewe
Harak ya ora! Ndadak golek kanca
Ning bareng ana rejeki
Kanca perjuangan kok banjur dilali – lali
Wis ah saru
Krungu tangga – tangga
Lha nanging kepriye yen tanpa dielingke
Suwe – suwe saya ndadra ora kira – kira
Kaya – kaya rejeki kuwi mung kanggo dhiri pribadi !
(Rachmat Djoko Pradopo)


ULUK SALAME SRENGENGE

Srengenge wis dhendhem – dhendhem
Nggugah esuk kang isih ngantuk
Lakune glendheh – glendheh
Kaya temanten anyar ngenggar – enggar
We lha, kok isih padha nglipus turu
Kaya wong – wong kang lagi wuru
Mendem miras lan narkoba
Ayo tangi enggal tumandang
Selak ditinggal wektu mlayu mblandhang
Kaya jaran ucul negar – negar
Iki wis esuk pajar
Esuke panguripan anyar
Nggelar reformasi
Kang ora mesthi ana ing saben sasi
Lan saben warsi
Srengenge wis glendheh – glendheh
Saka wetan ngajak cancut bebarengan
Mbengkas karya kang ngedap – edapi
Kanggo urip kang ngglenter moncer
Aja pijer kagol lan rewel
Kaya taun – taun kepungkur kang kethether
(Rachmat Djoko Pradopo)


WE LHA

Wathathithah adhuh simbah!
Rasa kok kaya ngene
Panase ra kira – kira
Kaya mawa bathok menggah
Suwasana ora lumrah

Wah, wah, bola – bali mung awak lungkrah
Tanpa daya arep apa
Mergaki jaman kang murangtata
We lha we lha...
La-la-la-la
Negara saya sengsara
Wong ndhuwur padha udur rebutan kuasa
Wong ngisor padha babak belur
Sengsara kalunta – lunta
(Rachmat Djoko Pradopo)
SUMUK II

Adhuh sumuke !
Hawa saya panas mangkene
Ya gene ta?
Wah, kowe kabeh padha ngerti dhewe
Kahanan kang mawalikan mangkene
Ora bisa kanyana mujud krenahe
Yen kowe isih bisa ambegan
Ya ngucapa syukur alhamdulillah
Marga hawa saya kena polusi werna- werna
Polusi silica lan karbonia
Polusi tindhesan kekuasaan
Polusi kaculikan, polusi kadurjanan
Polusi kemaksiatan
Wadhuh toblas, ra bisa kagagas!

Adhuh sumuke
Kapriye bisane silir
Yen tanpa angin sumilir
Kang ana mung pait getir
Gawe buntune pikir
(Rachmat Djoko Pradopo)




WIS WANCI

Langite sumringah dumilah
Sakwise dikumbah udan
Kang grapyak sumanak
Rengenge glendheh – glendheh sumeh

Yaiku wektu kang becik
Kanggo nyebari tanduran
Kang bakal ijo royo – royo
Njanjikake panenan kang onjo

Ya wektu iki mangsa gumregah tangi
Meres kringet kanthi semangat mangalat
Nyungsung panen kang bakal dadi
Bisa sumebar mratani tan ana gawe
(Rachmat Djoko Pradopo)


ING NGENDI BESUK

Ing ngendi besok nggon ingsun ngemasi
Sapa ta kang bisa nudhuhake
Sukma oncat marang ngendi nyawane
Ninggalke ragane
Nanging, menyang ngendi sukma ngumbara
Utawa ing ngendi baline
Marang sang Maha ing kana
Apa bakal manunggal marang Panjenengane
Utawa wis lebur nyawiji badan jasmani
Bali marang molekul bumi
Sapa ta kang bisa anudhuhna
Akir pangembarane sukma
Yen sukma iku pancen ana
(Rachmat Djoko Pradopo)


AKU NGLUKIS ING SAYUTA LANGIT

Delengen aku nglukis ing sayuta langit
Kebak warna abang sing cinipta saka getih jaman luput ngandhut
Banjur nindakake aborsi kanthi nguntal pil lintang
Guguran getihe dakwadhahi genthong angen – angen kagelan
Dene kuwase dakcipta nganggo rambut gunung njeblug
Lan warna – warna endah liyane cinipta saka pecahan raga
Nasib para glandhangan sing kasingkir merga impen
Para pamuja patung adipura
O, kadang – kadangku sing ora nate bosen nyawang lukisan
Delengen lukisan ing sayuta langit kae
Kebak anglirik mata nangis, tangan nyandhong, lan sandhangan
Pating sranthil !
Warna – warna banget naturalis awit dumadi saka nyawa – nyawa
Sing pecat tanpa dosa
(Budi Palopo)





TANGISMU, TANGISE

Tangismu mecah wengi
Sambatmu nggegirisi ati
Nalika tanganmu ora bisa nyekel tangane
Nalika ora esem ing lambemu
Amung asmane kang kokceluki
Sambatmu dadi susahe
Laramu dadi larane
Tangismu dadi tangise
Dheweke netesake eluh
Nalika ragamu lagi sumimpen
Sumimpen sajroning impen
Dedongane mbanyu mili
Kebak rasa welas asih
Nadyan ora kok weruhi
Kabeh mung kanggo sliramu

(Ima Noorma Sari)

Monday, July 7, 2014

GUSTI, DALEM NYUWUN
           
Dhuuh Gusti paringana sabar
Dhuuh Gusti paringana tabah
Kareben bisa tahan nunggu slirane
Kareben bisa tahan ngenteni slirane

Yekti dalem tresna marang slirane
Yekti dalem asih marang slirane
Gusti, dalem nyuwun
Kareben dalem bisa nyandhing slirane